MACAPAT DHANDHANG GULA
Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagri Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Suprandene labuh negari
Duk wiwit prang Ngalengka
Den nya darbe atur
Mring keng raka mrih raharja
Dasa muka tan kengguh ing atur yekti
Dennya musuh wanara